Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Putra mantune Prabu Dasarata dicolong Rahwana, weruh kadadeyan iku Jatayu

Rajaning peksi punika namanipun Jatayu. Piyambakipun dados mitra raketipun Prabu Dasarata. Nalika sumerep putra mitranipun dipuncidra Rahwana, Jatayu enggal tumandang mitulungi. Kreta kencana dipuntrajang kemawon, Sinta dipunrebat. Rahwana nggegegi, boten nguwalaken satemah dados udreg-udregan rebatan Sinta ing gegana. Eman, Jatayu kalindhih, dipuntatoni saha dipunajar dening Rahwana. Salah satunggaling swiwi sengkleh tugel. Jatayu taksih megap-megap dipuntendhang, kumleyang ing awang-awang, dangu-dangu dhawah ing sitį, keblekan. Laju lampahing kreta Rahwana nggondol Sinta. Sinta ngraosaken sakit, badanipun lungkrah boten kanten-kanten amargi dipuncepeng- cepeng kangge rebatan. Sekedhap-sekedhap polah nedya uwal, nanging tetep kasikep dening Rahwana dhateng Sinta ingkang satuhu merak ati.

Putra mantune Prabu Dasarata dicolong Rahwana, weruh kadadeyan iku Jatayu ....

    A.   dhelik

    B.    mlayu

    C.    nulungi

    D.   keplok-keplok

Wangsulan:

Saka wacan "Nalika sumerep putra mitranipun dipuncidra Rahwana, Jatayu enggal tumandang mitulungi.", Mangka tumindake Jatayu yaiku nulungi.

Jawaban: C

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Putra mantune Prabu Dasarata dicolong Rahwana, weruh kadadeyan iku Jatayu"