Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Lingsir Wengi (Dening: Moen S.) Miturut geguritan kasebut, purwakanthi swara "i" ing ukara

Lingsir Wengi
(Dening: Moen S.)
Yen wis lingsir wengi
Lan sepi nlusup ing sela-selaning ati
Njur apa meneh sing kudu kok wiyaki
Coba leremna pikirmu kanthi weninging ati
Tekuken driji-driji kuwi mbaka siji
Wis pira darmaning urip sing kok rakit
Wis pira kanthi sampeka sing kok rumpaka
Selagine upyeg golek sandhang boga
Apa isih kober bekti marang wong tuwa
Apa isih ajeg sumungkem ngarsane
Kang Maha Wicaksana
(Pustaka Candra, 1981)

Miturut geguritan kasebut, purwakanthi swara "i" ing ukara ….
   A.   apa maneh sing kudu kok wiyaki
   B.    tekuken driji-driji kuwi mbaka siji
   C.    Kang Maha Wicaksana
   D.   selagine upyeg golek sandhang boga
   E.    kanthi sampeka sing kok rumpaka

Wangsulan:
Miturut geguritan kasebut, purwakanthi swara "i" ing ukara tekuken driji-driji kuwi mbaka siji.

Jawaban: B

----------------#----------------
Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! :)

Post a Comment for "Lingsir Wengi (Dening: Moen S.) Miturut geguritan kasebut, purwakanthi swara "i" ing ukara"