Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Jonggolan/Nyantri, Isine wacan kasebut medharake babagan

Jonggolan/Nyantri

Jonggolan/nyantri yaiku rawuhe calon panganten kakung marang daleme calon panganten putri (daleme calon mertuwa). "Njonggol" ateges minangka ngetokake awake. Ancase menehi pituduh menawa calon panganten kakung iku kahanane sehat lan karahayon uga atine wis madhep mantep kanggo bebojoan.

Jonggolan ditindakake nalika malem midadareni, calon panganten kakung teka menyang omahe calon mertuwa ora diampingi dening wong tuwane, namung diampingi dening sesulih kulawarga calon panganten kakung kanthi nggawa seserahan kang isine kabeh piranti kabutuhan padinane calon panganten putri. Sasuwene ing daleme calon panganten putri, calon panganten kakung ngenteni ing teras omah kanthi banyu putih marang calon ibu mertuwa/ibu calon panganten putri. 

Kapethik saka: arsipbudayanusantara.blogspot.com

 

Isine wacan kasebut medharake babagan ....

     A.   panggih

     B.    jonggolan

     C.    ijab kabul

     D.   timbang

     E.    siraman


Wangsulan:

Isine wacan kasebut medharake babagan jonggolan.

Jawaban: B

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Jonggolan/Nyantri, Isine wacan kasebut medharake babagan"