Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Gara-Gara Ora Nggugu Wong Tuwa, Pitutur luhur kang kakandhut saka cerkak kasebut

Gara-Gara Ora Nggugu Wong Tuwa

Dening: Indah Kurniawati

Agus iku satemene bocah pinter lan manut marang wong tuwane. Nanging kadhang kala ya dadi ora nggugu wong tuwa amarga prakara sepele. Kaya dina kuwi, Agus kepengin banget dolanan montor-montoran sing nganggo remot. Agus wus matur marang ibune supaya dipundhutake ing tokone Pak Wardi. Nanging ibune nyemayani sesuke amarga ing kalodhangan iku lagi ora kagungan arta. "Sesuk Bapak lak kondur saka dhines luar. Mesthi ngasta oleh-oleh lan arta ora ketang sethithik. Ibu dak nyuwun Bapak arta kanggo numbaske Agus dolanan montor-montoran, nggih?" ujare Ibu. Ibu ngendikan ngono kuwi sajake kanggo mulang putra tunggale iku supaya ajar sabar. Apa-apa kang dadi panjalukane ora kudu dituruti sakal kuwi. Sajane Ibu ya kagungan arta, nanging ya kuwi mau piyambake ndhidhik Agus supaya bisa ajar lan mudheng kahanane wong tuwane. 

Pitutur luhur kang kakandhut saka cerkak kasebut yaiku ….

    A.   Dadi wong tuwa kudu nuruti kabeh pepenginane anake

    B.    Menawa udan-udan ora oleh suwe-suwe

    C.    Anak kudu tansah manut marang ngendikane wong tuwa

    D.   Menawa bar udan-udan kudu maem luwih dhisik

    E.    Dadi murid kudu sregep sinau

Wangsulan:

Pitutur luhur kang kakandhut saka cerkak kasebut yaiku Anak kudu tansah manut marang ngendikane wong tuwa.

Jawaban: C

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! :)

Post a Comment for "Gara-Gara Ora Nggugu Wong Tuwa, Pitutur luhur kang kakandhut saka cerkak kasebut"