Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

17 Agustus 2021, wis 76 taun bangsaku mardika saka penjajah. Bangsa kang nduweni luwih saka 45 suku

Wacan ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!

17 Agustus 2021, wis 76 taun bangsaku mardika saka penjajah. Bangsa kang nduweni luwih saka 45 suku bangsa iki isih mulya lan wiwit manjila dadi negara kang makmur. 17 Agustus 1945 jaman semana, simbahku dadi seksi anggone Bung Karno ngucap Proklamasi. 76 taun tekaning saiki, simbahku isih kelingan nalika semana dheweke karo wong tuwane kudu urip prihatin dikuwasani dening penjajah ing bumi pertiwi iki.

Taun 1931 sasi 3 tanggal 27 menawa ora salah simbahku lair ing donya. Saiki yuswa simbahku wis 90 taun, nanging durung bisa lali karo pangurbanan maewu-ewu masarakat Indonesia kanggo nggayuh tembung kang arane "mardika". Saben taun simbah melu nonton lomba pitulasan Taun wingi simbah lan kulawarga nyumbang hadhiyah yaiku pitik 10 lan iwak lele 5 kilo. Saben tanggal 17 Agustus jam 9 esuk simbah uga diundhang upacara bareng pejabat pamarentah. Nanging amarga pandhemi, taun iki simbah namung mriksani upacara ing tipi.

Wangsulan:


----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "17 Agustus 2021, wis 76 taun bangsaku mardika saka penjajah. Bangsa kang nduweni luwih saka 45 suku"