Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Gawea ringkesan saka wacan eksposisi Kesenian Jathilan kanthi basa krama

Gawea ringkesan saka wacan eksposisi Kesenian Jathilan kanthi basa krama!

Wangsulan:

Kesenian Jathilan punika sampun dangu wanuhipun kaliyan masarakat Yogyakarta saha sakupengipun.

Jathilan punika salah satunggaling kabudayan ingkang manunggalaken tarian kaliyan bab gaib. Tarian Jathilan punika diwiwiti kanthi gerakan ingkang sareh ananging sangsaya dangu sangsaya santer. Paraga Jathilan salajengipun padha kesurupan sinambi taksih ngajengaken tarian.

Bab ingkang narik kawigatenipun masarakat dhateng tarian Jathilan inggih punika atraksi ingkang nggegirisi tuladhanipun dhahar beling, silet, kaliyan ngonceki klapa migunakake waja. Pagelaran Jathilan ngandhut unsur-unsur panglipuran kaliyan unsur agami, jalaran saderengipun pagelaran kawiwitan, si pawang tansah ndedonga nyuwun kawilujengan mring Gusti.

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Gawea ringkesan saka wacan eksposisi Kesenian Jathilan kanthi basa krama"