Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Wacanen wacan ing ngisor iki kanthi premati! Yen omah joglo dipisah miturut bageane, omah tradhisional

Wacanen wacan ing ngisor iki kanthi premati!

Yen omah joglo dipisah miturut bageane, omah tradhisional kasebut kasusun saka pirang-pirang bagean kadya pendhapa, pringgitan, lan omah dalem/omah njero. Pendhapa yaiku bagean omah joglo kang umume digunakake kanggo nampa tamu. Pendhapa mapane ana ing ngarepan lan ora ana pagere. Iki nduweni teges yen wong Jawa iku grapyak lan ora milih-milih tamu. Saliyane iku pendhapa biyasane ora ana kursine , kang ateges antarane tamu lan sing kagungan omah drajate padha. Dene pringgitan iku bagean kang luwih njero, bisa kanggo nampa tamu kang luwih raket, ananging fungsi utamane yaiku kanggo pagelaran wayang. Pringgitan dadi simbul yen sing kagungan omah mung wayang. Omah dalem utawa omah njero iku papan kanggo kumpuling kulawarga lan senthong kanggo turu. Senthong kulawarga diperang dadi pirang-pirang kamar utawa senthong, yaiku tengah, tengen, lan kiwa. Jinise omah joglo iku antarane Joglo Pendhapa, Joglo Jompongan , Joglo Pangrawit, lan Joglo Semar Tinandhu.

a.     Apa bagean omah joglo kang umume digunakake kanggo nampa tamu?

b.     Sebutna jinis-jinise omah joglo!

Wangsulan:

a.     Pendapa

b.     Joglo Pendhapa, Joglo Jompongan, Joglo Pangrawit, lan Joglo Semar Tinandhu.

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Wacanen wacan ing ngisor iki kanthi premati! Yen omah joglo dipisah miturut bageane, omah tradhisional"