Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Gamelan utawa gangsa mujudake salah sawijining kagunan (seni) tumrape wong Jawa

Gamelan

Gamelan utawa gangsa mujudake salah sawijining kagunan (seni) tumrape wong Jawa. Gamelan dumadi saka pirang-pirang ricikan pentatonis kang awujud wilahan, pencon, kebukan, lan kang mawa kawat Menawa ditabuh, swarane nengsemake banget. Gamelan iku musik orkestrane wong Jawa . Ricikan gamelan kang maneka warna menawa ditabuh kanthi bener , bisa nuwuhake laras kang kepenak dirungu.

Gamelan iku salah sawijining instrumen kang adiluhung. Buktine gamelan isih tetep lestari nganti saiki. Gamelan uga bisa ngiringi maneka warna pagelaran, kaya ta wayang utawa ringgit, kethoprak, ludruk, lan tari. Malah saiki gamelan bisa kolaborasi karo musik diatonis, kaya ta keyboard, orgen, band, lan campursari

Kapethik saka : www.solopos.com

 

1.     Tembung "adiluhung" tegese ….

A.   wigati

B.    kawentar

C.    irah-irahan

D.   dhuwur karya senine

E.    apik tumindake

Wangsulan:

Tembung "adiluhung" tegese dhuwur karya senine.

Jawaban : D


2.     Ing ngisor iki pokok isi saka wacan kasebut yaiku ....

A.   gamelan utawa gangsa

B.    gamelan kalebu musik orkestra

C.    gamelan iku wujud keseniane wong Jawa

D.   gunane gamelan ing masarakat Jawa

E.    wong manca padha sinau gamelan

Wangsulan:

Pokok isi saka wacan kasebut yaiku gamelan utawa gangsa

Jawaban : A


3.     Pitutur luhur saka wacan kasebut yaiku ….

A.   Gamelan iku asil senine wong Jawa kang adiluhung saengga kudu tansah diuri-uri.

B.    Gamelan iku kudu bisa dikolaborasekake karo musik liyane.

C.    Ricikane gamelan menawa dirungokake gampang mbosenake.

D.   Wong-wong njaban rangkah padha seneng ngrungokake gamelan.

E.    Gamelan kagawe saka wilah, kayu, pring, lan kawat.

Wangsulan:

Pitutur luhur saka wacan kasebut yaiku Gamelan iku asil senine wong Jawa kang adiluhung saengga kudu tansah diuri-uri.

Jawaban : A

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Gamelan utawa gangsa mujudake salah sawijining kagunan (seni) tumrape wong Jawa"