Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Kebaya inggih punika busana tradhisional ingkang dipunagem dening tiyang estri ing dhaerah Jawi

Kebaya inggih punika busana tradhisional ingkang dipunagem dening tiyang estri ing dhaerah Jawi. Kebaya asalipun saking tembung abaya ingkang nggadhahi teges sandhangan . Saderengipun taun 1600 M. kebaya namung dipunagem dening tiyang estri ing krajan, lajeng sasampunipun Walanda dugi ing Nuswantara, tiyang estri Walanda ugi ngagem kebaya. Modhel kebaya saben dhaerah ing Indonesia benten-benten. Jinis kebaya ingkang padatan dipunagem dening tiyang estri Jawi inggih punika kebaya Solo utawi Kraton Surakarta. Kebaya Kraton Surakarta nggam baraken status ingkang ngagem. Kebaya Kraton Surakarta dipunagem dening para permaisuri ingkang nggadhahi ciri khas dipundamel saking bahan sutra lan bludru, ugi dipunparingi rerenggan sulam, nanging kangge para putri kebaya ingkang dipunagem langkung cekak. Modhel kebaya Solo utawi Kraton Surakarta ngandhapipun ngagem kain sinjang bathik ingkang ngajengipun sampun dipunwiru. Kebaya Solo utawi Kraton Surakarta ugi dipuntambahi krah ingkang wujudipun kothak utawi dipunwastani kutu baru ingkang nyambungaken kaliyan sisih kebaya ing bagean dhadha. Nanging menawi dipunagem dening lare alit, kebaya dipunagem kaliyan sabuk Solo.

Kapethik kanthi owah-owahan saka:

http://egittianapn.blogspot.com/2017

 

1.     Pokok isine wacan kasebut yaiku ....

A.   paugeran kebaya ing Kraton Surakarta

B.    jinising kebaya

C.    werna-werni sandhangan wong wadon

D.   kebaya iku busana kang dienggo wong wadon ing Jawa

E.    busana ing Kraton Solo

Wangsulan:

Pokok isine wacan kasebut yaiku kebaya iku busana kang dienggo wong wadon ing Jawa.

Jawaban : D


2.     Tembung "kebaya" asale saka tembung "abaya" kang duwe teges ....

A.   sandhangan

B.    tiyang estri

C.    alus

D.   endah

E.    kembang

Wangsulan:

 Tembung "kebaya" asale saka tembung "abaya" kang duwe teges sandhangan.

Jawaban : A


3.     Kebaya Kraton Surakarta nggambarake ... wong sing nganggo.

A.   asal

B.    tlatah

C.    status

D.   kulawarga

E.    pendhidhikan

Wangsulan:

Kebaya Kraton Surakarta nggambarake status wong sing nganggo.

Jawaban : C


----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Kebaya inggih punika busana tradhisional ingkang dipunagem dening tiyang estri ing dhaerah Jawi"