Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Gatekna wacan ing ngisor iki, banjur andhamna unsur what, who, when, where, why, lan how! Taruban Desa

Gatekna wacan ing ngisor iki, banjur andhamna unsur what, who, when, where, why, lan how!

Taruban Desa

Taruban desa iku sawijining adicara kang kaleksanan nalika arep paa. Peserta festival saking kabupaten Kulon Progo nggelar upacara adat bersih desa lan luwaran taruban desa Tuksana, kecamatan Sentolo. Sakderengipun nggelar upacara, perwakilan saking kabupaten Kulon Progo punika kirab mubeng alun-alun ler Kraton Ngayogyakarta , kawiwitan saking sangajenging Museum Sonobudoyo. Upacara merti dhusun utawa bersih desa lan luwaran minangka sarana tumrap warga masarakat supados panjangka lan panyuwunane dipunpinangkani dening Gusti kanthi sarana ujar kaul. Dene luwaran sarana kangge ngluwar ujar kaul saksampunipun ingkang kasedya sampun saged kasembadan.

Salebeting bersih desa ugi dipunadani kendhurenan minangka tandha sukur dhateng ngarsanipun Gusti. Kepala Seksi Adat lan Tradhisi, Disbud DIY, Wiyoto mratelakaken kridha punika ancasipun kangge njurung warga masarakat supados mangretosi tegesipun upacara adat saking maneka wewengkon Dhaerah Istimewa Yogyakarta. Bab kasebat jalaran upacara adat ngemot pralambang piwucal sosial lan kamanungsan.

Kapethik saka : www.jogjatv.tv

Wangsulan:


----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Gatekna wacan ing ngisor iki, banjur andhamna unsur what, who, when, where, why, lan how! Taruban Desa"