Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Tulisen aksara Jawane wacan ing ngisor iki kanthi nggatekake tandha wacan sing digunakake! Nguri-uri Wayang Minangka Kabudayan Jawa

Tulisen aksara Jawane wacan ing ngisor iki kanthi nggatekake tandha wacan sing digunakake! 

Nguri-uri Wayang Minangka Kabudayan Jawa

Kabudayan Jawa kang adiluhung wiwit angel ditemoni ing jaman kang kaya mangkene. Kemajuan jaman kaya-kaya ora bisa dikendhalekake, pengaruh ilmu pengetahuan lan teknologi sangsaya ngrembaka ing tlatah ngendi wae wis ana piranti kang jenenge internet, kalebu ing desa-desa uga wis ana.

Tumrap generasi mudha malah luwih seneng nyinau budaya manca sing kandhane luwih tren lan gaul. Budaya bangsa kang adiluhung malah dilirwakake lan disingkiri. Generasi mudha jaman saiki ora preduli marang warisan luhur kang sangsaya mrihatinake. Budaya-budaya kang kudune disinau tumrap awake dhewe malah ora dirambah babar pisan.

Budaya Jawa, mligine wayang kulit sangsaya susut pandhemene, kahanan kang kaya mangkene banget nggegirisi lan gawe prihatin. Wayang kulit kang bisa dadi tuntunan lan tontonan kudu bisa nank kawigatene para generasi mudha parandene dianggep kuna lan njelehi. Yen generasi mudha wis ora gelem nguri-uri budayane dhewe, banjur sapa sing bakal ngrembakakake budaya kasebut.

Wayang kulit pancen salah sawijining srana kanggo sinau. Akeh bab kang migunani nalika nonton pagelaran wayang kulit. Wayang uga kanggo sarana tuntunan, tegese wayang digelar ora mung mligi kanggo hiburan, parandene uga ngemot pendhidhikan utawa piwulang lan tuntunan luhur . Mula kanthi dianakake pagelaran wayang kasebut piwulang-piwulang utawa tuntunan dhalang bisa ngenani pamiarsane.

Mula para sesepuh, pinisepuh, para sutresna budaya, lan para generasi mudha kang isih preduli marang budaya Jawa, mligine wayang kulit bebarengan nguri-uri wayang kanthi cara nggelar rutin wayang purwa kanthi pangajap wayang purwa bisa tetep lestari . Salah sawijining panggonan kang nggelar wayang kulit yaiku ing Balai Agung Kraton Solo. Cara kasebut kanggo ngleluri budaya Jawa, mligine wayang kulit.

Wangsulan:




----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁


Post a Comment for "Tulisen aksara Jawane wacan ing ngisor iki kanthi nggatekake tandha wacan sing digunakake! Nguri-uri Wayang Minangka Kabudayan Jawa"