Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Wacanen kanthi premati banjur wangsulana pitakonane! Waskita mlebu sekolah. Nembe sepisan iki Bu Suci

Wacanen kanthi premati banjur wangsulana pitakonane!

Waskita mlebu sekolah. Nembe sepisan iki Bu Suci ketemu Waskita. Bocahe dedeg piadege lumayan gedhe, pakulitane soklat resik, lungguh bangku deretan katelu saka kiwa. Ing tengah ruang Bu Suci mrenahake papan lungguhe para siswa kalebu Waksita. 

Bu Suci : (Mirsani lan nuding bangku nomer loro sisih tengen) Waskita, coba kowe pindhah sisih kana!

Waskita : Mboten Bu! Kula teng mriki mawan!

Bu Suci : Kena apa? (ngempet nesu banjur prentah marang murid liyane) Narsih pindhaha bangku mburi, cedhak Rosidah! (Mirsani Waskita maneh) Yen kowe ora gelem pindhah, apa sebabe? Omonga! Mesthi kowe nduwe alesan, ta ?

a.     Ing ngendi latar panggonan crita ing dhuwur?

b.     Kepiye watak wantune Bu Suci?

c.     Kepiye watake Waskita miturut crita ing dhuwur?

Wangsulan:

a.     Sekolah

b.     Sareh

c.     Ngeyel

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Wacanen kanthi premati banjur wangsulana pitakonane! Waskita mlebu sekolah. Nembe sepisan iki Bu Suci"