Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Supaya kepenak dirungokake, anggone ngrakit gamelan kanthi nggatekake

Kesenian Karawitan

Tembung karawitan asale saka tembung "rawit" kang ateges titi, alus, luwes, lan endah. Karawitan nduweni surasa yaiku alus utawa endahing rasa sajroning pagelaran gamelan. Gamelan minangka saperangan instrumen/piranti kang kamot ing seni karawitan. Para pujangga kang ngrakit gamelan ora mung sakepenake anggone gawe nanging duwe karep kang luhur. Para leluhur ngrakit gamelan supaya kepenak dirungokake mula kanthi nggatekake larase. Imbanging larasing gamelan nuduhake menawa pujangga bisa ngatur rasa lan tumindak kanthi laraslan runtut.

Bisa njaga cipta, rasa, karsa,lan tumindak. Sakabehing karep kasebut bisa ditonton saka kesenian karawitan. Nalika karawitan sanajan piranti kang ditabuh iku beda-beda nanging anggone nabuh ora sakepenake hewe, manut marang kang ngatur irama, swasana gendhing, sarta nulad •lan nggatekake piranti gamelan liyane. Bab iki nuduhake gamelan nalika ditabuh ora kena dhisik-dhisikan lan pengin menang dhewe. Ya mengkono nulad saka kesenian karawitan kang bisa minangka dhasar mujudake karakter generasi panerus bangsa.

Supaya kepenak dirungokake, anggone ngrakit gamelan kanthi nggatekake ….

    A.   wilahane

    B.    larase

    C.    kayune

    D.   kulit kewane

    E.    wong kang ngrakit

Wangsulan:

Supaya kepenak dirungokake, anggone ngrakit gamelan kanthi nggatekake larase.

Jawaban: B

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Supaya kepenak dirungokake, anggone ngrakit gamelan kanthi nggatekake"