Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Tulisen wacan ing ngisor iki nganggo aksara Jawa! Jenengku Gathutkaca

Tulisen wacan ing ngisor iki nganggo aksara Jawa!

Jenengku Gathutkaca

Aku mung bisa nangis kekejer. Bapakku Werkudara lan Ibu Dewi Arimbi kaya lagi kerubuhan gunung. Mangkono uga sing padha rawuh. Sri Bathara Kresna, Uwa Prabu Puntadewa, Paman Arjuna, Paman Nakula lan Sadewauga melu sungkawa. Tak deleng Punakawan, Uwa Semar, Si Gareng, Petruk, lan Bagong sing biyasane cengar-cengir uga melu sedhih.

Ibuku nangis amarga ari-ariku isih gandheng karo awakku. Bapakku wis nyoba nganggo Kuku Pancanaka, ora bisa. Kembang Wijaya kusuma kagungane Uwa Kresna ora masah. Pasopati lan Ardadedaline Paman Arjuna uga ora tumama. Senjata Cakra kagungane Uwa Kresna malah wis ngetokake geni, ning ari-ariku durung bisa pedhot.

Bebarengan karo Bathara Kresna kabeh padha muji donga, padha prihatin supaya enggal nemu pepadhang. Akire rawuh buyutku, Begawan Abiyasa. Begawan Abiyasa banjur ngutus Paman Arjuna nyuwun pitulungan marang dewa. Baline ngasta sarunge pusaka Kuntawijaya.

Temenan bareng warangka Kunta wijaya ditamakake ing ari-ariku, krasa mak thes. Getih abang netes. Ari-ariku pedhot. Kabeh padha bungah, banjur aku dijenengake Gathutkaca.

Wangsulan:




----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Tulisen wacan ing ngisor iki nganggo aksara Jawa! Jenengku Gathutkaca"