Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Apa kaluwihane ajian pancasona

Sawise Rahwana kasil dhusta Sinta, Rahwana duweni karep nggawa Sinta menyang Alengka, nanging Sinta bengok-bengok jaluk pitulungan kanthi nyeluk asma garwa, adhi ipe, lan maratuwane. Resi Jatayu keprungu ana kang nyeluki Sri Dasarata, yaiku mitra rakete, banjur nggeblas nggoleki asale swara mau. Ora let suwe Resi Jatayu mangerteni Rahwana nggondhol Sinta. Resi Jatayu gage nulungi Sinta kanthi perang nglawan Rahwana. Rahwana dicakar, dithothol nganggo cucuke, wusanane Rahwana tiba ing lemah. Nanging Rahwana bisa urip maneh amarga duweni aji pancasona. Mangerteni Sinta direbut dening Resi Jatayu, Rahwana nesu banget. Resi Jatayu ditugel swiwine nggunakake pusaka candrasa. Resi Jatayu ora bisa mabur banjur tiba ing lemah, ora duwe daya maneh. Sinta kasil digawa menyang Alengka.

Apa kaluwihane ajian pancasona?

Wangsulan:

Nalika wis mati yen awake kena lemah bisa urip meneh

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Apa kaluwihane ajian pancasona"