Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Tembang kang isine wong sugih carita nanging ora pantes ditiru mapan ing pada

Pada 1

Mulane wong anom iku

Abecik ingkang taberi

Jejagongan lan wong tuwa

Ingkang sugih kojah ugi

Kojah iku warna-warna

 

Pada 2

Ana ala ana becik

Ingkang becik kojahipun

Sira anggoa kang pasthi

Ingkang ala singgahana

Aja sira anglakoni

Lan den awas wong akojah

Iya ing mangsa puniki

 

Pada 3

Akeh wong kang sugih wuwus

Nanging den sampar pakolih

Amung badane priyangga

Kang den pakolehaken ugi

Panastene kang den umbar

Nora anganggo sawatawis

 

Pada 4

Aja na wong bisa tutur

Amunga ingsun pribadhi

Aja ana ingkang memadha

Angrasa pinter pribadhi

Iku setan nunjang-nunjang

Tan pantes den pareki

 

Pada 5

Sikakna den kaya asu

Yen wong kang mangkono ugi

Dahwen apan nora layak

Yen sira sandhinga linggih

Nora wurung katularan

Becik singkirana ugi

 

Pada 6

Poma-poma wekas ingsun

Mring kang maca layang iki

Lair batin den estokna

Saunine layang iki

Lan den bekti mring wong tuwa

Ing lair praptaing batin


Tembang kang isine wong sugih carita nanging ora pantes ditiru mapan ing pada ....

    A.   1 lan 2 

    B.    3 lan 4

    C.    4 lan 5

    D.   5 lan 6


Wangsulan:

Tembang kang isine wong sugih carita nanging ora pantes ditiru mapan ing pada 3 lan 4.


Jawaban: B

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Tembang kang isine wong sugih carita nanging ora pantes ditiru mapan ing pada"