MGID Gender iku salah siji piranti gamelan Jawa. Gender ing gamelan slendro duwe 11-12 - Mas Dayat

Gender iku salah siji piranti gamelan Jawa. Gender ing gamelan slendro duwe 11-12

Wacanen wacan ngisor iki!

Gender iku salah siji piranti gamelan Jawa. Gender ing gamelan slendro duwe 11-12 wilah sing tipis lan digawe saka logam, menawa ana ing gamelan pelog duwe 12-13 wilah, nanging ana uga gender sing mung duwe 7 wilah. Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengene. Ana ing sangisore wilah-wilah mau dipasang bumbung, kang gunane kanggo kothak swara. Carane ngunekake gender yaiku ditabuh nganggo tabuhan sing wujude bunder (dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan sing cendhek. Carane nyekel gender yaiku antarane driji panunjuk karo driji tengah. Driji-driji saka tangan tengen utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemek wilah iku supaya swarane mandheg.

Ukara ing ngisor kang trep karo wacan ing dhuwur yaiku …. (Wangsulan luwih saka siji)

   A. saka cacahe wilah, gender kaperang dadi telu

   B. carane ngunekake gender kanthi digesek

   C. gender iku kalebu gamelan pathet

   D. carane ngunekake gender yaiku ditabuh nganggo tabuhan

   E. gender iku kalebu gamelan saka Bali, mula ora dilestarekake ing Jawa

Wangsulan:

Ukara kang trep karo wacan ing dhuwur yaiku:

   A. saka cacahe wilah, gender kaperang dadi telu

   D. carane ngunekake gender yaiku ditabuh nganggo tabuhan

Jawabane: A lan D

++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Post a Comment for "Gender iku salah siji piranti gamelan Jawa. Gender ing gamelan slendro duwe 11-12"