Mula Bukaning Mahabarata Cariyos Mahabarata diwiwiti saka Sakuntala kalawan Raja Duswanra

Wacan kanggo pitakonan nomer 1-4.

Mula Bukaning Mahabarata

Cariyos Mahabarata diwiwiti saka Sakuntala kalawan Raja Duswanra. Raja Duswanra kacarita minangka pemimpin saka Chandrawangsa, Yayati. Raja Duswanta dhaup kalawan Sakuntala kautus dening Begawan Kanwa, banjur mbangun negara kang aran Hastinapura. Banjur sang Hasti, ngawenehi turun para raja saka. Hastinapura, saka kulawarga kasebut, lair sang Kuru. Mbesok, Kuru nduweni kuwasa ing dhaerah kang aran Kurusetra. Kurusetra banjur nduweni turun Wangsa Kuru kang diarani Kurawa. Sajroning wangsa kasebut, wusanane lair anak pambarep kang nduweni nama Pratipta, ramanipun Prabu Sentanu, lan dadi leluhur saka Pandhawa lan Kurawa. Sentanu mangkono raja kang kondhang kaloka jalaran kasil ndadekake Kuru ditampa dening Hastinapura. Sentanu banjur palakrama kalawan Dewi Gangga, nanging ora ditrimakake dening bumi, mula Dewi Gangga ninggalake Sentanu.

1. Sapa sing mbangun negara Hastinapura?

Wangsulan:

Kang mbangun negara Hastinapura yaiku Raja Duswanta.


2. Apa kang njalari Prabu Sentanu bisa kondhang?

Wangsulan:

Prabu Sentanu bisa kondhang jalaran kasil ndadekake Kuru ditampa dening Hastinapura.


3. "Sentanu banjur palakrama kalawan Dewi Gangga,."

Apa tegese tembung palakrama?

Wangsulan:

Palakrama nduweni teges krama utawa nikahan.


4. Raja Duswanra iku pemimpin saka ngendi?

Wangsulan:

Saka Candrawangsa, Yayati.

++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Post a Comment for "Mula Bukaning Mahabarata Cariyos Mahabarata diwiwiti saka Sakuntala kalawan Raja Duswanra"