Wacanen crita ngisor iki, banjur golekana unsur intrinsike! Adipati Karna madeg senapati bala Kurawa

Wacanen crita ngisor iki, banjur golekana unsur intrinsike!

Adipati Karna madeg senapati bala Kurawa ing Perang Baratayuda sawise Durna gugur. Adipati Karna ngadeg ing kreta kang dikusiri dening Prabu Salya. Ing wadyabala Pandhawa, Arjuna madeg dadi senapati kanthi kusire Prabu Kresna. Ing pabaratan, Adipati Karna perang tandhing lawan Arjuna. Kelorone padha-padha ngetokake kasektene lan kabeh gaman sing diduweni.

Perang tandhing kang rame nganti tekan wayah sore. Roda kretane Suryaputra keblusuk ing beletan. Adipati Karna banjur mudhun saka kreta lan njunjung rodhane. Emane usahane siya-siya, malah rodhane tambah jero. Sri Kresna kang dadi kusire Arjuna banjur ngongkon supaya Arjuna manah Karna sing lagi njunjung rodha kreta. Karna sing meruhi Arjuna arep

ngetokake panahe, rumangsa was-was. Mula banjur arep ngrapal mantra, nanging ora ana sijia sing kemutan.

Kanthi rasa mangu-mangu pungkasane Arjuna manut karo prentahe Kresna lan nglepasake panah. Karna sing durung bisa ngetokake kasektene kena panahe Arjuna. Sirahe Karna ngglundhung ing palagan. Karna mati ing paprangan mbelani Kurawa. Karna tetep mbelani Kurawa sanajan ngreti tumindake Kurawa ora bener, amarga Karna kepengin males sihe Duryudana sing wis ndadekake dheweke adipati ing negara Awangga.

Wangsulan:

++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Post a Comment for "Wacanen crita ngisor iki, banjur golekana unsur intrinsike! Adipati Karna madeg senapati bala Kurawa"