Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Oncekana unsur-unsur geguritan ing ngisor iki! Pahlawanku (R. Tantiningsih)

Oncekana unsur-unsur geguritan ing ngisor iki!
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)

Pahlawanku
Wutahing ludiramu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene baktimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa Amung siji pangajapmu
Merdika

  1. Tema : pahlawan
  2. Rasa pangrasa : simpati
  3. Nada : muji, muji pangurbanan saka para pahlawan kanggo kamardikane bangsa
  4. Swasana : kaajap pamaca nduweni rasa batin kang luwih ngurmati marang pangurbanane para pahlawan saengga gelem njaga kamardikan bangsa iki kanthi rasa sukur marang Gusti.
  5. Amanat : kamardikan bangsa iki mbutuhake pangurbanan jiwa, raga, lan bandha donya saka para pahlawan, mula kamardikan ini kudu diisi kanthi kagiyatan-kagiyatan positif.

----------------#----------------
Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! :)

Post a Comment for "Oncekana unsur-unsur geguritan ing ngisor iki! Pahlawanku (R. Tantiningsih)"