Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Corak jarik kang dienggo dening bapak lan ibu nalika adicara siraman arane

Busana kagem Upacara Siraman
Nalika kagungan kersa kagem bapake panganten putri, prayogi busana Mataraman jangkep, inggih punika ngagem surjan, nyamping wiron, dhestar, ngagem dhuwung, kaliyan cenela. Dene nyampingipun modhel corak cakar ayam utawi jinis nyamping nitik. Werdinipun wiwit wanci punika putranipun katitik utawi kaajap sampun badhe ceker-ceker pados tedha piyambak. Mila, dados pralampitaning tiyang anggenipun miwiti bingah. Dene sisihanipun (ibunipun panganten putri), prayoginipun ngagem busana putri, nyampingan wiron ngagem kebaya Yogyakarta, modhel nyamping prayogi sami garwanipun (sawitan kakungipun). Kejawi punika boten prayogi menawi ngagem asesori raja keputren. 

Dene putranipun ingkang dipunsirami (panganten putri), ngagem busana siraman, inggih punika nyamping mori pethak polos, prayogi ngagem pasatan, werdinipun busana siraman dados pratandha anggenipun miwiti nyucekaken jiwa raga, awit badhe nampi kekeran Dalem Pangeran, liripun badhe tumuruning wahyu panganten utawi widadari. Mila, nalika bibar siraman, lare wau dipunbusanani nyamping grompol, singeb nyamping nagasari, dados pralampita anggenipun nampi sasmita, bilih pilihanipun laras kalyan kersa Dalem Pangeran. 

Busana midadareni, tiyang sepuh sarta putra pangante ngagem nyampingan wiron, ngagem kebaya, nyamping corak motif truntum, sarta boten ngagem raja keputren. Mila, lajeng dipunsebat busana polos. Werdinipun saking polosing manah amargi wanci punika sami walaka, tumusipun lajeng truntum- truntum punapa ingkang badhe numusi telenging manah boten sanes badhe gadhah putra mantu sarta jatukrama putrinipun.
Kapethik saka: wardanjaya.wordpress.com

Corak jarik kang dienggo dening bapak lan ibu nalika adicara siraman arane …
   A.   parang
   B.    cakar ayam
   C.    ceplok 
   D.   truntum
   E.    udan liris

Wangsulan:
Corak jarik kang dienggo dening bapak lan ibu nalika adicara siraman arane cakar ayam.

Jawaban: B

----------------#----------------
Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! :)

Post a Comment for "Corak jarik kang dienggo dening bapak lan ibu nalika adicara siraman arane"