Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Apa kang digambarake ing tarian Boyong Menoreh

Tari Boyong Menoreh yaiku salah sawijining seni tradhisi Ing masarakat Temanggung, mligine warga ing Gunung Sindoro lan Sumbing. Tarlan iki nggambarake para prajurite Raden Jayanegara ing Perang Diponegoro kang kuwat lan prakost Tarian iki nyritakake nalka bukota Kadipaten Menoreh/Parakan bubrah nalika perang. Mula Raden Tumenggung Arya Jayanegara mboyong kadipaten saka Parakan ing Temanggung. Tarian iki uga dadi tandha laire Kadipaten Temanggung. Ana 10 jaran kepang lan 10 pambeksa pilihan yaiku lanang kabeh, tur awake gagah lan gedhe dhuwur kang nglambangake prajurite Raden Jayanegara. Miturut salah sijine anggota pepanthan, adicara budaya ing masarakat Temanggung ora tau luput saka beksan iki, kaya ta adicara sunatan, manten, merti desa, lan panen mbako. Tuwa-mudha, lanang-wadon, bocah utawa wong tuwa kabeh melu seneng-seneng. 

Kapethik kanthi owah-owahan saka www.solopos.com

Apa kang digambarake ing tarian Boyong Menoreh?

Wangsulan:

Tarian Boyong Menoreh nggambarake para prajurite Raden Jayanegara ing Perang Diponegoro kang kuwat lan prakosa. Tarian iki nyritakake nalika ibu kota Kadipaten Menoreh/ Parakan bubrah nalika perang. Mula Raden Tumenggung Arya Jayanegara mboyong kadipaten saka Parakan ing Temanggung. Tarian iki uga dadi tandha laire Kadipaten Temanggung.

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Apa kang digambarake ing tarian Boyong Menoreh"