Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Kekerane ngelmu karang, Kekarangan saking bansaning gaib, Iku boreh paminipun,

Golekana tegese tembung-tembung kang angel ing tembang ngisor iki, banjur gancarna tembang Pangkur iki!

Kekerane ngelmu karang,
Kekarangan saking bansaning gaib,
Iku boreh paminipun,
Tan rumasuk ing jasad,
Amung aneng sajabaning daging kulup.
Yen kapengkok pancabaya,
Ubayane mbalenjani.

Wangsulan:
Karang : ngarang
Gaib : ora katon
Boreh : wedak
Tan : ora
rumasuk : mlebu 
daging kulup : kulit 
kapengkok : kena/pikantuk
pancabaya : bebaya
ubayane : usahane 
mbalenjani : ngedohi

Gancaran:
Sajroning ilmu sing dikarang-karang (sihir) nggawene lelandhesan karo babagan-babagan gaib, kuwi kaya dene wedak. Ora mlebu jroning angga, namung ana ing kulit wae Nak. Nalika ketiban bebaya bisane mung ngadohi.

----------------#----------------
Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! :)

Post a Comment for "Kekerane ngelmu karang, Kekarangan saking bansaning gaib, Iku boreh paminipun,"