Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Bupati Bantul, Suharsono: Implementasi Teknologi Para tani ing tlatah DIY diajak migunakake pari tahan wereng

Bupati Bantul, Suharsono: Implementasi Teknologi Pertanian Minangka Upaya kangge Njagi Swasembada Uwos

Diskominfo Rebo (4/10). Ing acara kangge njagi wontening ama wereng gagang soklat ing DIY, Badan Litbang Pertanian saking BPTP Yogyakarta makarya sesarengan kaliyan pamarentah dhaerah ngawontenaken aksi kangge nylametaken prodhuksi pantun DIY, Salah setunggalipun inggih menika kanthi nyebar varietas pantun tahan wereng.



Miturut Inspektur Jenderal Kementan, Justan Siahaan, Ingkang migunakaken varietas pantun tahan wereng kanthi dipunkombinasekaken kalıyan paket teknologi ingkang jumbuh saged prodhuksi kanthi maksimal lan nylametaken asil prodhuksi.



Ing acara kasebat, rawuh Bupati Bantul, Suharsono; Inspektur Jendral Kementerian Pertanian, Justan Siahaan; Kadistan DIY; Kepala BPTP Yogyakarta, Kepala BKPP DIY; Kadisperta Bantul; Kepala BPSB; Kepala BPTPH; Dandim Bantul; Camat lan Muspika Pundong; ugi Komunitas Petani Bantul.



Bupati Bantul, Suharsono, nampi kanthi sae uji coba varietas pantun tahan wereng menika ing sabin Kelompok Tani Tri Lestari, Gedangan, Panjangrejo, Pundong, Bantul. 



Piyambakipun mangajab, kanthi dipuntanemi pantun varietas unggul tahan wereng menika saged njagi stabilipun konsumsi uwos ing Kabupaten Bantul. "Kula mangajab sedaya petani ing Bantul saged ngadopsi teknologi sistem tanem jajar legawa menika saengga produktivitas pantun sangsaya tambah kathah lan saged njagi ketahanan pangan," tandhesipun. 

Kapethik saka: www.bantulkab.go.id

Para tani ing tlatah DIY diajak migunakake pari tahan wereng amarga ….
   A.   akeh kutha liya kang nggunakake
   B.    regane pari murah
   C.    disaranake saka pehak pamarentah
   D.   bisa nylametake asil prodhuksi
   E.    bibit pari sing biyasane wiwit langka

Wangsulan:
Para tani ing tlatah DIY diajak migunakake pari tahan wereng amarga bisa nylametake asil prodhuksi.

Jawaban: D

----------------#----------------
Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! :)

Post a Comment for "Bupati Bantul, Suharsono: Implementasi Teknologi Para tani ing tlatah DIY diajak migunakake pari tahan wereng"