Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

"Bupati Bantul, Suharsono, nampi kanthi sae uji coba varietas pantun tahan wereng …." Tembung kang kacethak kandel

Bupati Bantul, Suharsono: Implementasi Teknologi Pertanian Minangka Upaya kangge Njagi Swasembada Uwos

Diskominfo Rebo (4/10). Ing acara kangge njagi wontening ama wereng gagang soklat ing DIY, Badan Litbang Pertanian saking BPTP Yogyakarta makarya sesarengan kaliyan pamarentah dhaerah ngawontenaken aksi kangge nylametaken prodhuksi pantun DIY, Salah setunggalipun inggih menika kanthi nyebar varietas pantun tahan wereng.



Miturut Inspektur Jenderal Kementan, Justan Siahaan, Ingkang migunakaken varietas pantun tahan wereng kanthi dipunkombinasekaken kalıyan paket teknologi ingkang jumbuh saged prodhuksi kanthi maksimal lan nylametaken asil prodhuksi.



Ing acara kasebat, rawuh Bupati Bantul, Suharsono; Inspektur Jendral Kementerian Pertanian, Justan Siahaan; Kadistan DIY; Kepala BPTP Yogyakarta, Kepala BKPP DIY; Kadisperta Bantul; Kepala BPSB; Kepala BPTPH; Dandim Bantul; Camat lan Muspika Pundong; ugi Komunitas Petani Bantul.



Bupati Bantul, Suharsono, nampi kanthi sae uji coba varietas pantun tahan wereng menika ing sabin Kelompok Tani Tri Lestari, Gedangan, Panjangrejo, Pundong, Bantul. 



Piyambakipun mangajab, kanthi dipuntanemi pantun varietas unggul tahan wereng menika saged njagi stabilipun konsumsi uwos ing Kabupaten Bantul. "Kula mangajab sedaya petani ing Bantul saged ngadopsi teknologi sistem tanem jajar legawa menika saengga produktivitas pantun sangsaya tambah kathah lan saged njagi ketahanan pangan," tandhesipun. 


Kapethik saka: www.bantulkab.go.id

"Bupati Bantul, Suharsono, nampi kanthi sae uji coba varietas pantun tahan wereng …." Tembung kang kacethak kandel tegese ....
   A.   pari
   B.    jagung 
   C.    kacang 
   D.   gandum
   E.    beras

Wangsulan:
Tembung kang kacethak kandel yaiku pantun kang duwene teges pari

Post a Comment for ""Bupati Bantul, Suharsono, nampi kanthi sae uji coba varietas pantun tahan wereng …." Tembung kang kacethak kandel"