Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Pengaruhe rega lombok kang larang kanggo para bakul yaiku

Regi Lombok Tasih Awis
Regi lombok ing tlatah Klaten, Jawa Tengah, ngantos samangke tasih awis. Regi lombok rawit abrit dereng mandhap, kepara lon-lonan mindhak malih. Miturut para bakul lombok ing Peken Klaten Kota, regi lombok samangke mindhak mbaka sekedhik. Saben dinten reginipun mindhak pitung ewu rupiyah lan samangke reginipun dados Rp105.000,00 saben kilo. Kawontenan kasebat njalari panyadene lombok kirang laris awit para konsumen nyuda anggenipun tumbas lombok.

Sinaosa regi lombok rawit abrit samangke mindhak malih nanging regi lombok abrit tasih popog, Rp40.000,00 saben kilo. Makaten ugi regi lombok rawit ijem, ngantos samangke reginipun popog Rp55.000,00 saben kilo. Para bakul boten saged ndugi regi lombok badhe mindhak utawi mandhap. (Haryadi)

Kapethik saka: www.jogjatv.tv

Pengaruhe rega lombok kang larang kanggo para bakul yaiku ….
  A.   anggone dodolan lombok dadi kurang laris
  B.    nduweni bathi kang godhe
  C.    bumbon liyane dadi payu akeh
  D.   padha owah dadi bakul buwah utawa klambi kang regane stabil
  E.    para konsumen lombok dadi ngurangi anggone tuku lombok

Wangsulan:
Pengaruhe rega lombok kang larang kanggo para bakul yaiku anggone dodolan lombok dadi kurang laris.

JawabanA

----------------#----------------
Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! :)

Post a Comment for "Pengaruhe rega lombok kang larang kanggo para bakul yaiku"