Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Regi Lombok Tasih Awis Pawongan kang nggiyarake pawarta kasebut yaiku

Regi Lombok Tasih Awis
Regi lombok ing tlatah Klaten, Jawa Tengah, ngantos samangke tasih awis. Regi lombok rawit abrit dereng mandhap, kepara lon-lonan mindhak malih. Miturut para bakul lombok ing Peken Klaten Kota, regi lombok samangke mindhak mbaka sekedhik. Saben dinten reginipun mindhak pitung ewu rupiyah lan samangke reginipun dados Rp105.000,00 saben kilo. Kawontenan kasebat njalari panyadene lombok kirang laris awit para konsumen nyuda anggenipun tumbas lombok.

Sinaosa regi lombok rawit abrit samangke mindhak malih nanging regi lombok abrit tasih popog, Rp40.000,00 saben kilo. Makaten ugi regi lombok rawit ijem, ngantos samangke reginipun popog Rp55.000,00 saben kilo. Para bakul boten saged ndugi regi lombok badhe mindhak utawi mandhap. (Haryadi)

Kapethik saka: www.jogjatv.tv

Pawongan kang nggiyarake pawarta kasebut yaiku ....
   A.   bakul lombok
   B.    Haryadi 
   C.    TV
   D.   Jogja TV
   E.    Wartawan

Wangsulan:
Pawongan kang nggiyarake pawarta kasebut yaiku Haryadi.

JawabanB

----------------#----------------
Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! :)

Post a Comment for "Regi Lombok Tasih Awis Pawongan kang nggiyarake pawarta kasebut yaiku"