Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Udheng basa ngokonipun “iket” Bagean idhentifikasi ing wacan dheskripsi kasebut yaiku

Udheng
Udheng basa ngokonipun “iket” utawi dipunsebat blangkon, menawi sampun dados kantun dipunagem. Dene basa kramanipun “dhestar”, punika arupi panganggen ingkang dipunagem kangge nutupi mustaka.

Udheng makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit, katata, ugi kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa tengen sami. Lajeng dipun jahit miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken. Wekdal sak menika sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng sampun dados kantun milih ukuran sarta cakrik sekaranipun.
Kapethik sangka: ululalbab31n.blogspot.com

Bagean idhentifikasi ing wacan dheskripsi kasebut yaiku ….
A.   Udheng basa ngokonipun "iket" utawi dipunsebat blangkon, menawi sampun dados kantun dipunagem.

B.    Peranganipun udheng, cakrik, sarta tegesipun kados mekaten.

C.    Cakrik perbawan punika minangka dhasaring dhestar rikala ageman tasih dados agemanipun Kraton Surakarta. Dene menawi radi papak dipunwastani cakrik kasatriyan (ingkang ngagem anggadhahi raos satriya).

D.   Patrapipun anggenipun ngagem udheng kedah trep, boten kenging miring, methongkrong, menapa dene njeplak.

E.    Kaangkah alis kaliyan wironing udheng wiyaripun setunggal nyari. Maknanipun udheng inggih menika sopados manungsa punika kedah anggadhahi penggalih ingkang kenceng, boten gampil ewah penggalihipun amargi namung kaanan utawi kahanan ingkang boten jumbuh kaliyan penggalihipun piyambak.

Wangsulan:
Bagean idhentifikasi ing wacan dheskripsi kasebut yaiku "Udheng basa ngokonipun "iket" utawi dipunsebat blangkon, menawi sampun dados kantun dipunagem."

Jawaban: A

----------------#----------------
Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! :)

Post a Comment for "Udheng basa ngokonipun “iket” Bagean idhentifikasi ing wacan dheskripsi kasebut yaiku"