Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Bagean klasifikasi saka wacan dheskripsi kasebut yaiku Udheng basa ngokonipun “iket”

Udheng
Udheng basa ngokonipun “iket” utawi dipunsebat blangkon, menawi sampun dados kantun dipunagem. Dene basa kramanipun “dhestar”, punika arupi panganggen ingkang dipunagem kangge nutupi mustaka.

Udheng makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit, katata, ugi kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa tengen sami. Lajeng dipun jahit miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken. Wekdal sak menika sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng sampun dados kantun milih ukuran sarta cakrik sekaranipun.
Kapethik sangka: ululalbab31n.blogspot.com

Bagean klasifikasi saka wacan dheskripsi kasebut yaiku ….
A.   Udheng makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit, katata, kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa tengen sami. Lajeng dipunjait miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken. Wedal samenika sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng sampun dados kantun milih ukuran sarta cakrik sekaranipun.

B.    Cakrik perbawan punika minangka dhasaring dhestar rikala ageman tasih dados agemanipun Kraton Surakarta. Dene menawi radi papak dipunwastani cakrik kasatriyan (ingkang ngagem anggadhahi raos satriya).

C.    Patrapipun anggenipun ngagem udheng kedah trep, boten kenging miring, methongkrong, menapa dene njeplak. 

D.   Kaangkah antawisipun alis kaliyan wironing udheng wiyaripun setunggal nyari. Maknanipun udheng inggih menika supados manungsa punika kedah anggadhahi penggalih ingkang kenceng, boten gampil ewah penggalihipun amargi namung kaanan utawi kahanan ingkang boten jumbuh kaliyan penggalihipun piyambak.

E.    Peranganipun udheng, cakrik, sarta tegesipun kados mekaten.

Wangsulan:
Bagean klasifikasi saka wacan dheskripsi kasebut yaiku "Peranganipun udheng, cakrik, sarta tegesipun kados mekaten."

Jawaban: E

----------------#----------------
Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! :)

Post a Comment for "Bagean klasifikasi saka wacan dheskripsi kasebut yaiku Udheng basa ngokonipun “iket”"