Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Bahan kang dienggo gawe mendhoan yaiku

Mendhoan asale saka Purwokerto, Kabupaten Banyumas. Tembung mendhoan dianggep saka tembung mendho sing tegese setengah mateng. Mula mendhoan ngemu teges mangsak nganggo lenga panas kanthi cepet ancase mangsakane durung bener-bener mateng. Mendhoan kagawe saka tempe sing wis diiris tipis-tipis, banjur diwedhaki nganggo gandum sing wis diwenehi bumbu yaiku uyah, bawang, lan tumbar. Banjur digoreng nganggo lenga panas. Nggorenge cukup telu utawa patang menit wae, ora nganti tempene garing. Rasane mendhoan gurih. Menawa dipangan nalika isih panas lan diceplusi lombok rawit luwih enak rasane.

Bahan kang dienggo gawe mendhoan yaiku ….

    A.   gandum, uyah, bawang, tumbar, lan tempe

    B.    glepung, tumbar, uyah, gula, lan tempe

    C.    gandum, brambang, uyah, tumbar, lan tempe

    D.   glepung beras, tumbar, tempe, uyah, lan brambang

    E.    bawang, uyah, tumbar, tempe, lan glepung ketan

Wangsulan:

Bahan kang dienggo gawe mendhoan yaiku gandum, uyah, bawang, tumbar, lan tempe.

JawabanA

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Bahan kang dienggo gawe mendhoan yaiku"