Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Sebutna bahan utama kanggo gawe jenang sungsum

Bubur Sungsum

Jenang sungsum yaiku salah sawijining panganan tradhisional saka Surakarta. Jenang utawa bubur sungsum digawe saka glepung beras kang dicampur santen. Diarani jenang sungsum amarga wujude putih kaya sungsum balung. Werna putih kasebut pralambang resiking ati, dene teksture jenang sungsum kang kenthel minangka simbul persatuan lan kesatuan, manunggaling dhiri pribadi marang Gusti, lan dhiri pribadi marang sasama. Menawa dipangan, jenang sungsum diwenehi juruh sing rasane legi. Juruh mau kagawe saka gula jawa. Ing pahargyan temanten biyasane jenang sungsum dicawisake nalika adicara pembubaran panitya. Werdine supaya sungsume bali maneh utawa kesele mari.

Sebutna bahan utama kanggo gawe jenang sungsum!

Wangsulan:

Glepung beras lan santen.

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Sebutna bahan utama kanggo gawe jenang sungsum"