Tulisen struktur wacan eksposisi Jinise Gamelan Jawa lan Fungsine
Tulisen struktur wacan eksposisi Jinise Gamelan Jawa lan Fungsine!
Wangsulan:
TESIS:
Tembung ”gamelan” asale saka tembung ”gamel” ateges nabuh/nabok. Komposisi swara gamelan diripta dening paugeran tartamtu lan nduweni patang nada. Bagean utama saka gamelan arupa pring, kuningan, lan kayu. Kabeh piranti gamelan nduweni fungsi dhewe-dhewe.
ARGUMENTASI:
Manut sumbere uni, gamelan Jawa kaperang dadi patang jinis. Saben jinis nduweni instrumen lan karakter swara sing beda-beda. Gatekna katrangan ing ngisor iki!
1. Gamelan Ideofon
Gamelan kang sumbere uni saka awake piranti gamelan kasebut. Jinis gamelan iki kalebu jinis gamelan kang paling tuwa tinimbang jinis gamelan liyane. Kang kalebu jinis gamelan iki yaiku bonang lan kenong, kang nduweni susunan sarancak lan mbutuhake pencon (gelem muni nalika dithuthuk nganggo wilah cendhek). Piranti gamelan liyane kang kalebu gamelan iki yaiku gamelan kang mbutuhake wilahan liyane kaya dene gambang lan saron. Kabeh gamelan jinis iki wis ana wiwit udakara taun 9 M.
2. Gamelan Membranofon
Sumbering uni ing gamelan iku asale saka lulang kewan. Tuladha kang paling gampang saka gamelan iki arupa kendhang. Instrumen liyane kaya dene bedhug lan terbang. Ing Kakawin Hariwangsa, Gathotkaca Sraya lan Kidung Harsawijaya ana instrumen kaya bedhug arane ”tipakan”. Ing kitab Gathotkaca Sraya lan Sumanasantaka ana istilah ”tabang-tabang” kang sabanjure diarani terbang.
3. Gamelan Aerofon
Sumbere uni ing gamelan iki kanthi didamu. Tuladha gamelan iki arane suling. Ing kitab Ramayana Jawa Kuna ana istilah ”bangsi” kanggo instrumen musik kang mirip karo suling.
4. Gamelan Chordofon
Sumber unine saka senar kang dipethik lan digesek. Ing gamelan Jawa ana arane rebab lan chelempung. Gamelan iki asale saka manca negara. Rebab asli saka Persia, dene chelempung saka Eropa.
Ing tlatah Jawa uga ana gamelan sing arane gamelan ageng lan gamelan ricikan. Gamelan ageng
lumrahe dienggo kanggo nyuguh gendhing-gendhing lan ngiringi pagelaran wayang, arupa wayang kulit, wayang wong, kethoprak, lan liya-liyane. Gamelan ageng uga lumrahe digunakake ing adicara pawiwahan agung. Jinise gamelan ageng yaiku:
1. Gamelan Sekati
Gamelan sekati uga diarani Kanjeng Kyai Gunturmadu dan Kanjeng Kyai Guntursari. Lumrahe ditabuh ing pengetan sekaten yaiku wiwit tanggal 5 Mulud tekane 12 Mulud. Saliyane ditabuh nalika mengeti dina miyos lan sedane Nabi Muhammad saw. uga kanggo mapag rawuhe para tamu agung, supitan/tetesan putra/putri sultan lan sakarsa dalem. Piranti gamelan sekati ana 2 gong ageng, 1 bedhug, 1 kempyang, 1 saron demung, 2 saron ricik, 2 saron peking, lan 1 bonang.
2. Gamelan Nunggang
Gamelan nunggang nduweni telung nada. Gamelan iki ana 4 racakan isine 3 bonang gedhe, 1 kenong japan, 2 bende, 1 pasang lojeh, 1 kendhang gendhing, 1 kendhang penuntun, lan 2 gong. Gamelan nunggang ditabuh nalika adicara jumenengan dalem nata sultan, mapag rawuhe tamu agung, supitan/tetesan putra/putri sultan, mantu, rampog macan, grebegan, lan sakarsa dalem.
3. Gamelan Corobalen
Gamelan corobalen kanggo mapag rawuhe para tamu.
Manut fungsine gamelan kanggo ngiringi gendhing ing karawitan, gamelan Jawa kaperang dadi rong swara, yaiku kaya ing ngisor iki.
- Soran. Soran yaiku piranti gamelan kang ngasilake tabuhan kang unine sora utawa seru. Kabeh piranti gamelan kalebu soran, kejaba gender, gambang, rebab, suling, lan siter.
- Lirihan. Piranti gamelan iki ditabuh kanthi alus lan unine alon, tuladhane piranti gamelan iki yaiku gender, gambang, rebab, siter, lan suling.
Kuwi mau jinis lan fungsine saka piranti gamelan kang ditabuh kanthi beda-beda lan nduweni uni kang beda-beda. Saben piranti gamelan nduweni makna lan tata cara anggone nabuh dhewe-dhewe saengga ngasilake swara kang endah lan kepenak dirungokake.
Post a Comment for "Tulisen struktur wacan eksposisi Jinise Gamelan Jawa lan Fungsine"