Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Mulok Basa Jawa Perlu Dievaluasi, Paragraf sepisan wacan kasebut pokok pikirane ngenani bab

Mulok Basa Jawa Perlu Dievaluasi

Nasib basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara Latin ing titi wanci iki pancen tansaya bubrah. Pilihane tumrap generasi mudha Jawa jaman saiki mung ana loro. Pilihane, melu nut bubrahe basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara Latin utawa ngudi murih basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara Latin kuwi tetep nut ing paramasastra.

Yen ta pilihane sing kapindho, mula pamulangan basa Jawa kudu diwiwiti nalika bocah ajar ngomong, nalika bocah mlampahi Pendhidhikan Anak Usia Dini (PAUD), Taman Kanak-Kanak (TK), lan SD. Sing wigati dhewe, kudune basa Jawa digunakake minangka basa pangantar ing TK lan SD kelas I - III saben dina.

"Sabanjure, ing kelas IV - VI bisa sinau paramasastra, geguritan, lan liyane," piterange Supardjo. Kanthi mantha pamulangan basa Jawa sithik mbaka sithik, bocah bisa luwih tumemen ngretine basa Jawa ing jaman saiki, ora mung saklebat, mlebu kuping tengen metu kuping kiwa . Kajaba kurikulum, mutu guru basa Jawa uga kudu didandani. Nalika Pamarentah Provinsi (Pemprov) Jawa Tengah (nalika kuwi gubernure Mardiyanto) netepake aturan sing majibake kabeh sekolah ing tlatah Jawa Tengah kudu mulangake basa Jawa, akeh pawiyatan luhur sing mbukak jurusan pendhidhikan basa Jawa. Ananging, iku kabeh ora adhedhasar kabisan utawa kompetensi. 

Dhosen Linguistik ing Jurusan Sastra Daerah FSSR UNS, Yohannes Suwanto, mratelakake buku-buku sing kaanggep dadi sumber pamulangan basa Jawa sing saiki mratah ing madyaning bebrayan agung Jawa uga kudu didandani . Sapa wae sing mbabar dadi buku - buku dianggep sumber sing pamulangan basa Jawa kudu duwe rasa tanggung jawab. "Aja mung waton mbabar buku. Editor buku-buku basa Jawa kudu ngreti temen-temen bab tata basa, paramasastra, ejaan, lan sapiturute. Aja mung mbabar buku jajaran ngajab bathi sakakeh-akehe kang kawusanane malah ngrusak basa Jawa," pratelane Suwanto.

Kajaba kuwi, Suwanto mrayogakake lamun ana sing mbabar buku lan kamus basa Jawa apike kudu mepaki buku-buku kuwi kanthi pandom utawa tuntunan carane ngucapake, carane nulis, lan sapiturute.

"Tandha diakritik apike dluripake lan digunakake maneh ing panulisan basa Jawa Ing aksara Latin. Pamrihe supaya bisa dadi pandom cara maca sing bener lan pener," Suwanto nandhesake panemune.

Kapethik saka : https://m.solopos.com

Paragraf sepisan wacan kasebut pokok pikirane ngenani bab ….

     A.   generasi mudha wis ora ngreti basa Jawa

     B.    nasib basa lan ejaan basa Jawa saiki tansaya bubrah

     C.    basa Jawa nut ing paramasastra

     D.   aksara Jawa lan aksara Latin dipadhakake

     E.    basa Jawa wajib diwulangake ing kabeh sekolah ing tlatah Jawa Tengah

Wangsulan:

Paragraf sepisan wacan kasebut pokok pikirane ngenani bab nasib basa lan ejaan basa Jawa saiki tansaya bubrah.

Jawaban : B

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Mulok Basa Jawa Perlu Dievaluasi, Paragraf sepisan wacan kasebut pokok pikirane ngenani bab"