Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Gendera kanggo Simbah, Latar panggonan cerkak kasebut yaiku

Gendera kanggo Simbah

Saiki wis tanggal 17 Agustus 2007. Wis ana 62 tahun Indonesia mardika. Esuk-esuk Simbah wis ngagem seragam veteran ketok sumringah, amarga wis 2 taunan Simbah gerah dadi ana 2 taun kepungkur Simbah ora melu upacara. Saiki Simbah lagi lenggah ana ing ngarep omah.

"Mbah badhe ndherek upacara ya?" takon Rahma putune Simbah sing wis nganggo seragam SMP.

"Iya Nak," omonge Simbah mesem lan sumringah banget. "Ananging Mbah, menawi ing lapangan punika panas, Simbah kiyat pa?" Rahma nggodha.

"Mesthi kuat Nak, Simbah ki wis mari. Dhisik ki jamane Simbah umur 20-an, Simbah melu perang lawan Landa." Simbah mesem.

"Simbah mesthi nglawan Landa kanthi gagah prakosa." Rahma ngrasa seneng nduwe Simbah sing dadi pahlawan, banjur Rahma ngrangkul Simbah. Lagi bungahe Simbah lan Rahma , Ibu metu seka njero omah nggawani kumbahan.

Kapethik saka : Panjebar Semangat

Latar panggonan cerkak kasebut yaiku ....

     A.   kantor kelurahan

     B.    lapangan

     C.    dalemipun Simbah

     D.   dalan

     E.    sekolahan

Wangsulan:

Latar panggonan cerkak kasebut yaiku dalemipun Simbah.

Jawaban : C

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Gendera kanggo Simbah, Latar panggonan cerkak kasebut yaiku"