Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Piweling kang ana ing cerkak Gendera kanggo Simbah yaiku

Gendera kanggo Simbah

Saiki wis tanggal 17 Agustus 2007. Wis ana 62 tahun Indonesia mardika. Esuk-esuk Simbah wis ngagem seragam veteran ketok sumringah, amarga wis 2 taunan Simbah gerah dadi ana 2 taun kepungkur Simbah ora melu upacara. Saiki Simbah lagi lenggah ana ing ngarep omah.

"Mbah badhe ndherek upacara ya?" takon Rahma putune Simbah sing wis nganggo seragam SMP.

"Iya Nak," omonge Simbah mesem lan sumringah banget. "Ananging Mbah, menawi ing lapangan punika panas, Simbah kiyat pa?" Rahma nggodha.

"Mesthi kuat Nak, Simbah ki wis mari. Dhisik ki jamane Simbah umur 20-an, Simbah melu perang lawan Landa." Simbah mesem.

"Simbah mesthi nglawan Landa kanthi gagah prakosa." Rahma ngrasa seneng nduwe Simbah sing dadi pahlawan, banjur Rahma ngrangkul Simbah. Lagi bungahe Simbah lan Rahma , Ibu metu seka njero omah nggawani kumbahan.

Kapethik saka : Panjebar Semangat

Piweling kang ana ing cerkak Gendera kanggo Simbah yaiku …

     A.   dadi uwong aja gampang nesu

     B.    dadi anak ora kudu manut karo tiyang sepuhe

     C.    yen wis sepuh, ora oleh melu upacara 17-an amarga nyusahake wong liya

     D.   aja seneng ngarani uwong sing durung ngreti saktenane kepiye

     E.    kudu nduweni rasa mbelani negara nalika dina kamardikan

Wangsulan:

Piweling kang ana ing cerkak Gendera kanggo Simbah yaiku aja seneng ngarani uwong sing durung ngreti saktenane kepiye.

Jawaban : D

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Piweling kang ana ing cerkak Gendera kanggo Simbah yaiku"