Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Wacanen pethikan crita rakyat ing ngisor iki! Sajroning kapal, Malin Kundang akeh sinau babagan

Wacanen pethikan crita rakyat ing ngisor iki!

Sajroning kapal, Malin Kundang akeh sinau babagan ngelmu palayaran saka anak buah kapal sing wis nduweni pangalaman. Ana ing tengah-tengah segara praune Malin dicegat karo prau prampog. Kabeh barang dagangan ana ing kapal dirampog entek-entekan. Saking wedine, Malin ndhelik ana ing peti kayu. Nalika prampoge wis ora ana, Malin metu saka peti kuwi mau. Malin Kundang mubeng minger ngiwa nengen ana ing tengah segara. Kapale Malin sidane labuh ing pinggir pante Malin Kundang banjur mlaku menyang desa sing paling cedhak saka pante Malin Kundang ditulungi masarakat desa kasebut, sakwise nyritakake kedadean sing dialami sakdurunge.

Desa sing ditekani Malin kalobu desa sing subur banget. Malin banjur mutusake urip lan golek pagawean ing desa kuwi. Sangu pethel kanggo tandang gawe, Malin suwe-suwe dadi wong sing sugih banget. Dheweke nduweni kapal akeh lan bebakulan karo anak buah sing cacahe luwih saka satus wong. Amarga wis dadi wong sugih Malin banjur dadi manten karo anake juragan.

Apa piwulang luhur sajroning pethikan crita kasebut?

Wangsulan:

Dadi manungsa kudu sabar nalika antuk pacoban lan tansah usaha kanggo nggayuh urip kang luwih mulya.

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Wacanen pethikan crita rakyat ing ngisor iki! Sajroning kapal, Malin Kundang akeh sinau babagan"