Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Wacanen wacan ing ngisor iki! Wayang uwong utawa wayang wong punika salah satunggalipun

Wacanen wacan ing ngisor iki!

Wayang uwong utawa wayang wong punika salah satunggalipun jinis pamentasan tradhisional ing Jawa. Wayang wong punika gabungan saking seni drama ingkang ngrembaka ing negeri Eropa kaliyan seni pagelaran wayang ingkang ngrembaka ing tlatah Jawa. Utaminipun wayang wong ngrembaka ing kraton kanggo hiburan golongan priyayi utawa bangsawan. Wong kang dadi paraga wayang wong uga ngagem busana ingkang wujude sami kaliyan gegambaran ageman ing wayang kulit.

Miturut andharan lan data saking Dinas Pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang wong ana utawa lair ing abad XVIII. Diripta dening Mangkunegara ingkang kadosipun dipunilhami saking seni drama saking negeri kilen utawa Eropa. Wiwitane pementasan wayang wong dipungelar ing Surakarta lajeng dipungelar ing Yogyakarta. Ing taun 1899, nalika Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari wonten ing paresmianipun ngawontenaken pagelaran kasenian wayang wong kang ditonton kaliyan warga sakupengipun.

Kapethik saka : ruangseni.com

a.     Apa pokok isine teks eksposisi kasebut?

b.     Kapan wayang wong iku lair? Sapa sing ngripta?

Wangsulan:

a. Asal-usule pementasan wayang wong.

b. Wayang wong ana utawa lair ing abad XVIII. Dicipta dening Mangkunegara I ingkang kadosipun dipunilhami saking seni drama saking negeri kilen utawa Eropa.

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Wacanen wacan ing ngisor iki! Wayang uwong utawa wayang wong punika salah satunggalipun"