Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Apa ancase tari Remo dipentasake

Tari Remo asale saka Kabupaten Jombang, Jawa Timur, luwih penere saka Desa Ceweng, Kecamatan Diwek. Miturut sujarahe, tari Remo lair saka wong-wong kang nduweni pagawean dadi penari keliling (tladhek). Lumakune ing jaman, tari Remo dadi pambukaning kesenian ludrug ing abad kaping 19. Sadurunge pemain ludrug mentasake kidung lan parikan, tari Remo ditampilake kanggo pambuka lan ucapan sugeng rawuh dhumateng para penonton. Saking gathuke, kesenian ludrug lan tari Remo nganti ora bisa dipisahake. Sawise Indonesia mardika, saya suwe fungsi lan. posisi tari Remo ngrembaka dadi tarian penyambutan tamu-tamu istimewa, kaya ta pejabat, delegasi asing, lan liya-liyane.

Tari Remo awal mulane tarian kang mligine kanggo para priya. Bab iki ana gegayutane karo crita utawa tema ing tari Remo iku dhewe, yaiku crita babagan kepahlawanan pangeran kang berjuwang ing palagan. Ananging jaman saiki, akeh kaum wanita kang kepengin sinau lan dadi paraga ing tari Remo, saengga dandanan lan busanane kaum wanita mau tetep digawe kaya busana pangeran ing crita kasebut.

Apa ancase tari Remo dipentasake?

Wangsulan:

Kanggo pambuka lan ucapan sugeng rawuh dhumateng para penonton.

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Apa ancase tari Remo dipentasake"