Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Crita rakyat kasebut kalebu "Ing Segara Kidul ana panguwasa kang sekti mandraguna"

Ing Segara Kidul ana panguwasa kang sekti mandraguna, Jenenge Nyai Rara Kidul. Nyai Rara Kidul nduweni anak wadon kang diwenehi jeneng Nyai Blorong kang kepengin dadi panguwasa kaya dene Ibune. Pesene Ibune, "Lungaa sak senenge atimu lan tinggalen aku ing kene dhewekan." Banjur Nyai Blorong ngulandara ana ing sak ambane jagat segara.

Ananging dheweke ora kasil, amarga segara-segara kang arep dipanggoni mau wis ana penunggune. Nyai Blorong wis kadhung janji karo Nyai Rara Kidul bakal golek segara kang bisa didadekake panggonane kaya dene ibune kang nguwasani Segara Kidul. Amarga janji kang kaucap mau, Nyai Blorong isin karo ibune menawa dheweke bali menyang Segara Kidul.

Nganggo kreta kencana kang diwenehi ibune, Nyai Blorong ngulandara nganti Segara Lor. Nalika tekan Segara Lor, Nyai Blorong wis ditunggu panguwasa Segara Lor. Amarga ilmu kang isih cekak, Nyai Blorong kalah karo panguwasa Segara Lor, banjur mlayu menyang kali kang tepung karo Segara Lor. Niyate namung umpetan ing kali sinambi nunggu Nyai Rara Kidul, ibune, menehi pitulungan. Sawise pirang-pirang dina, wulan, nganti taun wis kliwat, nanging ibune ora teka. Dheweke banjur betah ana ing salah sijining kali mau. Ing kali kono dheweke bisa krasan amarga ana akeh panganan kasenengane Nyai Blorong.

Ing dina liya, Nyai Rara Kidul nyiyapake prajurit-prajurite kanggo menehi pitulungan marang Nyai Blorong. Ana ewonan prajurit menyang Segara Lor mau. Ora watara suwe, prajurit mau wis tekan Segara Lor, banjur nemoni Nyai Blorong. "Sang Ratu, kula lan prajurit-prajurit siyap mbiyantu Ratu." Nyai Blorong wis kadhung krasan ana ing kali mau, dheweke wis ora kepengin nyerang panguwasa Segara Lor, malah dheweke duwe niyatan mbangun krajan lelembut ing kali mau. Akire Nyai Blorong mbangun krajan ing kali mau, nanging ora gampang. Pirang- pirang taun suwene Nyai Blorong gawe krajan apik kaya sing dipengini.

Kapethik saka kanthi owah-owahan: http://corojowo.blogspot.com/2010/01/asal-usule-kali-blorong.html

Crita rakyat kasebut kalebu ….

     A.   mite

     B.    legendha

     C.    fabel

     D.   sage

     E.    epos

Wangsulan:

Crita rakyat kasebut kalebu mite.

Jawaban: A

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Crita rakyat kasebut kalebu "Ing Segara Kidul ana panguwasa kang sekti mandraguna""