Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Nalika mlayu saka Buta Ijo, Timun Mas gawa papat jinis buntelan. Ing ngisor iki kang ora kalebu isi

Timun Mas

Sawise iku, Buta ijo kang arep jupuk Timun Mas teka ing omahe Mbok Randha banjur nesu ngreteni Timun Mas wis ora ana. Buta ljo nesu lan ngamuk, kebone Mbok Randha dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun Mas. Amarga Buta ljo jangkahe amba, sedhela wae Timun Mas wis meh kasil koyak. Timun Mas bajur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh timune. Buta Ijo mandheg lan mangan timun sing katon seger-seger. Sawise timune entek, Buta Ijo kelingan menawa dheweke lagi ngoyak Timun Mas. Buta Ijo banjur ngoyak Timun Mas maneh sing wis mlayu adoh. Lagi sedela wae, sang Buta Ijo wis meh kasil ngoyak Timun Mas. Buntelan sing isi dom banjur diuncalake Timun Mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buta Ijo. Nanging sedela wae, Buta Ijo kasil bisa metu saka alas pring iku mau.

Timun Mas banjur nguncalake buntelan kang isine uyah. Sanalika malih dadi segara kang amba lan jero. Buta Ijo nglangi ing segara kuwi mau kanggo ngoyak Timun Mas lan kasil mentas saka segara. Timun Mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan kang pungkasan. Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buta ljo kecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane, Buta ljo iku mati kalelep ing njero segara lendhut. Timun Mas slamet lan urip tentrem karo Mbok Randha.

Nalika mlayu saka Buta Ijo, Timun Mas gawa papat jinis buntelan. Ing ngisor iki kang ora kalebu isi buntelane, yaiku ….

    A.   trasi

    B.    uyah

    C.    dom

    D.   wiji timun

    E.    watu

Wangsulan:

Nalika mlayu saka Buta Ijo, Timun Mas gawa papat jinis buntelan. Ing ngisor iki kang ora kalebu isi buntelane, yaiku watu.

Jawaban: E

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Nalika mlayu saka Buta Ijo, Timun Mas gawa papat jinis buntelan. Ing ngisor iki kang ora kalebu isi "