Wacanen teks ing ngisor iki! Dolalak yaiku kesenian tradhisional saka

Wacanen teks ing ngisor iki!

Dolalak

Dolalak yaiku kesenian tradhisional saka Kabupaten Purworejo. Tarian iki minangka tinggalan saka jaman penjajahan Walanda. Tembung "dolalak" iku asale saka "not", "do", lan "la", amarga tarian iki diringi namung ganggo piranti musik rong nada yaiku kanthi sepasang kenong.

Bebarengan ngrembakane jaman lan teknologi, tari Dolalak saiki diiringi musik modheren, yaiku keyboard. Lagu-lagu sing dimainake beda-beda lan maneka warna. Dolalak wiwitane ditarekake dening priya kanthi aran gemblak, nganggo seragam ireng lan clana cendhek. Seragam iki niru seragam tentara Walanda jaman biyen. Suwe-suwe, ditarekake dening wanita, dikantheni modifikasi seragam.

Tulisen pokok isine wacan ing dhuwur!

Wangsulan:

Dolalak kesenian tradhisional saka Kabupaten Purworejo. Tari Dolalak ditarekake dening priya, nanging saiki ditarekake dening wanita dikantheni modifikasi seragam.

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

2 comments for "Wacanen teks ing ngisor iki! Dolalak yaiku kesenian tradhisional saka"

Anonymous April 13, 2025 at 8:54 PM Delete Comment
PARA ILMUWAN ING DONYA

Ing jaman maju saiki sakabehe tumindak kaya dene mijeti wohing ranti, kabeh bisa serba cepet lan gampang. Kuwi kabeh bisa ana amarga teknologi lan kawruh kang sangsaya ngrembaka. Ilmuwan yaiku pawongan kang anduweni jasa nemokake sawijining barang utawa kawruh kang bisa dadi lalandhesan kanggo ilmu ilmu kang ana ing masarakat saiki.

Ilmuwan utawa panemu kang kawentar ing ilmu Eksak Fisika yaiku Einstein kang nemokake teori relatifitas. Ing ilmu matematika ana ilmuwan kang asmane Alkhawarizmi, sabanjure kawentar kanthi aran Bapak Aljabar. Saliyane matematika, ugo kasil nyinaoni babagan Astronomi, Astrologi, lan geografi.

Ing jagating kedhokteranana Ilmuwan kang kawentar asmane Ibnu Sina utawa Bapak Kedhokteran. Buku-buku anggitan saka Ibnu Sina dienggo gagaran sinau ing Universitas Universitas Eropa nalika abad kapitulas. Saliyane Ibnu Sina, ing bidhang kedhokteran uga ana Ibnu Nafis kang nemokake babagan peredaran dharah manungsa lan jantung iku kabage rong bilik.

Ing bidhang ana Thomas Alfa Edison kang nemokake lampu. Ana folta saka Italia kang nemokake batu batre ingkang migunani kanggo nyetel piranti Elektronik kayata senter, radhio, jam, lan remot.

Jeneng jeneng Ilmuwan kasebut jasane akeh banget kanggo uripe manungsa ing sakabeh ing jaman. Amarga saka para Ilmuwan kasebut Indonesia kang isih dadi negara berkembang bisa migunakake alat-alat gawean para Ilmuwan kang wes seda taun-taun kepungkur nanging ilmune ora bakal mati amarga dadi lalandhesan ilmu -ilmu gaweane wong-wong jaman saiki.
aksara jawa kan teks tersebut
Anonymous April 13, 2025 at 8:55 PM Delete Comment