Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Ringkesen crita ing ngisor iki nganggo basamu dhewe! Asal Usul Kutha Magelang

Ringkesen crita ing ngisor iki nganggo basamu dhewe!

Asal Usul Kutha Magelang

Jaman semono Kerajaan Mataram dipandhegani dening Panembahan Senopati klebu kerajaan sing gedhe lan menangan. Nalika Panembahan Senopati pengin nggedhekake wewengkon, dheweke jaluk panemu marang Ki Gede Pemanahan.

Banjur, kabeh padha sarujuk kanggo babat alas ing Kedu. Alas kasebut wingit lan ora ana manungsa ing kono. Miturut masarakat, alas iki dikuwasani dening kerajaan jin kanthi rajane sesilih jin Sepanjang. Kanggo nelukake jin Sepanjang, Pangeran Purbaya diangkat minangka senopati perang.

…..

Wangsulan:

Panembahan Senopati pengen ngadekake wewengkon ing dhaerah Kedu njur Pangeran Purbaya kapatah dadi senopati perang. Pangeran Purbaya lan tentara Kerajaan Mataram nggunakake pusaka kanggo babat alas. Nalika alas dibabat, ana peperangan gedhe antarane tentara Mataram pandhegane Pangeran Purbaya lan tentara jin.

Pungkasane tentara Kerajaan Mataram menang, raja jin Sepanjang bisa uwal. Raja jin Sepanjang duwe maksud bales kekalahane. Kanthi lumakune wektu Santa, panjilmane raja jin kasil nyamar lan gawe wabah ing desa kasebut.

Pangeran Purbaya kasil mejahi Santa kanthi cara startegi gelang, yaiku ngupeng mungsuh kanthi cara bunder, ngubengi mungsuh kanthi rapet. Mula, Pangeran Purbaya jenengi wewengkon kasebut kanthi aran Magelang.

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Ringkesen crita ing ngisor iki nganggo basamu dhewe! Asal Usul Kutha Magelang"