Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Rembulan ing Plataran Kepiye swasana ing geguritan kasebut?

Rembulan ing Plataran
Rembulan saiki wis kijenan ing plataran
Bocah-bocah dolanan wis ora gumregah
Padha nonton tivi lan dhangdhutan
Rembulan saiki wis kijenan
Malah jangkrik bae wis ilang engkrike
Kodhok-kodhok kang tetabuhan
Saiki wis ora ana baneke
Padha kena endrim lan DDT
Rembulan saiki wis kijenan
Plataran-plataran sepi
Malah bocah-bocah kothekan bae
Saiki wis ilang baneke
Rembulan kari kelop-kelop dhewekan
(Geguritan Abang Branang,
Rachmat Djoko Pradopo)


Kepiye swasana ing geguritan kasebut?

Wangsulan:
Sepi, sedhih.

----------------#----------------
Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! :)

Post a Comment for "Rembulan ing Plataran Kepiye swasana ing geguritan kasebut?"