Gawea gancarna tembang Sinom ing ngisor iki nganggo basamu dhewe! Saking duk maksih taruna,
Gawea gancarna tembang Sinom ing ngisor iki nganggo basamu dhewe!
Saking duk maksih taruna,
Sadhela wus anglakoni,
Aberag marang agama,
Maguru anggering kaji,
Sawadine tyas mami,
Banget wedine ing mbesuk,
Pranatan ngakir jaman,
Tan tutug kaselak ngabdi,
Nora kober sembahyang gya tinimbalan.
Wangsulan:
Amarga wektu isih enom,
Wis tau nglakoni sedhela,
Nyinaoni babagan agama,
Merguru marang wong kang wis tau tindak haji,
Saengga apa kang ana ing sajroning ati,
Dadi babagan kang tak wedeni ing dina mengkone (akhirat),
Kahanan ing akir jaman,
Durung rampung kaselak ”ngabdi” (ngibadah marang Gusti),
Ora ana kalodhangan wektu kanggo sembahyang kaselak mati.
0 Response to "Gawea gancarna tembang Sinom ing ngisor iki nganggo basamu dhewe! Saking duk maksih taruna,"
Post a Comment