Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Cacahe paraga ing pethikan crita rakyat Kasebut yaiku "Dora lan Sembada iku abdi daleme Ajisaka"

Dora lan Sembada iku abdi daleme Ajisaka. Dora lan Sembada iku setya tuhu marang bendarane. Sawijining dina, Ajisaka duwe pepenginan arep ngulandara menyang tlatah Jawa. Ajisaka anggone ngulandara ngajak Dora lan Sembada. Tekan ing Pulo Majethi, Ajisaka lan abdine sakloron leren. Sawise dirasa ilang kesele, Ajisaka ngersakake nerusake lakune. Ajisaka dhawuh marang Sembada supaya ngenteni ing Pulo Majethi. Ajisaka uga paring dhawuh supaya Sembada njaga pusakane sing awujud keris. Ajisaka lan Dora banjur nerusake lakune menyang Tlatah Jawa. Sembada sing kadhawuhan njaga keris lan nunggu ing Pulo Majethi manut marang dhawuhe bendarane. Dheweke janji bakal ngreksa pusaka kasebut.

Kapethik kanthi owah-owahan saka: Baud Basa Jawa VIII

Cacahe paraga ing pethikan crita rakyat Kasebut yaiku ….

     A.   siji

     B.    loro

     C.    telu

     D.   papat

     E.    lima

Wangsulan:

Cacahe paraga ing pethikan crita rakyat Kasebut yaiku telu (Ajisaka, Dora, lan Sembada).

Jawaban: C

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! 😁

Post a Comment for "Cacahe paraga ing pethikan crita rakyat Kasebut yaiku "Dora lan Sembada iku abdi daleme Ajisaka""